Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 3:4-23 Kitab Sutji (JAV)

4. Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose:“Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”

5. Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --

6. Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?

7. Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?

8. Rak iya ora bener, ta, panacade wong kang kandha, yen kita padha duwe ujar mangkene: “Payo kita padha nglakoni panggawe ala supaya bisaa thukul kang becik saka ing kono. Wong kang kaya mangkono iku wis samesthine tampa paukuman.

9. Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,

10. iya kaya kang wus katulisan, wiraose:“Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.

11. Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi,ora ana wong siji-sijia kang ngupaya Gusti Allah.

12. Kabeh wong padha nyleweng,kabeh tanpa guna,ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.

13. Gurunge iku kaya kubur menga,ilate dianggo nyenyidrani,lambene ngemu wisa.

14. Cangkeme kebak pangipat-ipat.

15. Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.

16. Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,

17. lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;

18. padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”

19. Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.

20. Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.

21. Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,

22. yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.

23. Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

maca bab lengkap Rum 3