Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 3:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.

21. Balik ing saikine, tanpa angger-anggering Toret, kaya kang kapratelakake ing kitab Toret lan kitab-kitabe para nabi, kabeneraning Allah iku wus kalairake,

22. yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.

23. Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah,

24. lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus.

25. Panjenengane wus dipesthekake dening Gusti Allah dadi srananing karukunan, awit saka pracaya marang rahe. Bab iki katindakake kagem ngatingalake kaadilane, sabab Panjenengane wus ngendelake dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarane Gusti Allah.

26. Karsane yaiku kagem ngatingalake kaadilane ing jaman saiki, supaya tetelaa manawa Panjenengane iku bener, lan uga mbenerake wong kang pracaya marang Gusti Yesus.

27. Yen mangkono, apa dhasare gumunggung? Ora ana. Banjur manut waton apa? Apa wewaton panggawe? Ora, nanging wewaton pracaya.

28. Marga kita yakin, yen manungsa iku anggone kabenerake awit saka pracaya, ora marga saka anggone netepi angger-anggering Toret.

29. Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Allahe bangsa-bangsa liyane uga.

30. Tegese, manawa Gusti Allah iku siji, kang bakal mbenerake wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya.

31. Yen mangkono apa aku padha mbatalake angger-anggering Toret awit saka pracaya? Babar pisan ora. Aku malah padha njejegake.

maca bab lengkap Rum 3