Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rum 13:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Saben wong sumuyuda marang panguwasa kang mbawahake, sabab ora ana panguwasa kang asale ora saka Gusti Allah; lan para panguwasa kang ana iku padha katetepake dening Gusti Allah.

2. Mulane sing sapa mbalela marang pamarentah, ateges mbangkang marang pranatane Gusti Allah, lan sapa bae kang mbangkang, bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.

3. Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamarentah, kajaba yen nglakoni panggawe ala. Apa kowe kapengin padha urip tanpa nduweni rasa wedi marang panguwasa? Nglakonana apa kang becik, temah kowe bakal oleh pangaleme.

4. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.

5. Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.

6. Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.

7. Mbayara marang wong akeh, apa bae kang kudu kokbayar; pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, beya marang wong kang wenang nampani beya; pakering marang wong kang darbe hak nampani pakering, lan pakurmatan marang wong kang darbe hak nampani pakurmatan.

8. Kowe aja padha duwe utang apa-apa marang sapa bae, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Toret.

maca bab lengkap Rum 13