Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 6:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.

2. Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase.

3. Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen.

4. Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”

5. “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.

6. Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.

7. Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul.

8. Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur.

9. Marga saka iku ndedongaa mangkene:Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,Asma Paduka mugi kasucekaken.

10. Kraton Paduka mugi rawuh.Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumikadosdene wonten ing swarga.

11. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

12. Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.

13. Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]

maca bab lengkap Mateus 6