Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 28:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.

10. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”

11. Nalika wong-wong mau lagi padha ana ing dalan, ana wong sawatara kang mentas jaga kang padha menyang ing kutha, ngaturi uninga marang para pangareping imam, bab apa kang mentas kalakon mau kabeh.

12. Para pangareping imam mau sawise pirembagab karo pinituwa, banjur padha gawe putusan, para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit akeh

13. lan padha diweling: “Kowe padha martak-martakna, yen ing wayah bengi para sakabate padha teka nyolong layone, nalika kowe kabeh lagi padha turu.

14. Manawa bab iki kaprungu dening wali-nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengane, supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.”

15. Para prajurit banjur padha nampani dhuwite lan nindakake apa kang wis kadhawuhake. Carita mangkono iku banjur sumebar ana ing satengahe wong-wong Yahudi nganti saprene.

16. Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus.

17. Bareng padha ndeleng Panjenengane banjur padha sujud, nanging ana sawatara kang isih mangu-mangu.

18. Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.

19. Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,

20. apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”

maca bab lengkap Mateus 28