Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 28:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Mulane padha endang balia lan kandhaa marang para sakabate, yen Panjenengane wis wungu saka ing antarane wong mati lan ndhisiki lakumu menyang Galilea. Kowe bakal padha ndeleng Panjenengane ana ing kana. Yaiku pawartaku marang kowe kabeh.”

8. Wong-wong mau banjur enggal-enggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatan marani sakabat prelu menehi pawarta bab mau.

9. Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.

10. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Aja padha wedi. Padha balia, sadulur-sadulurKu padha kandhanana, supaya padha menyang ing Galilea, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku.”

11. Nalika wong-wong mau lagi padha ana ing dalan, ana wong sawatara kang mentas jaga kang padha menyang ing kutha, ngaturi uninga marang para pangareping imam, bab apa kang mentas kalakon mau kabeh.

12. Para pangareping imam mau sawise pirembagab karo pinituwa, banjur padha gawe putusan, para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit akeh

13. lan padha diweling: “Kowe padha martak-martakna, yen ing wayah bengi para sakabate padha teka nyolong layone, nalika kowe kabeh lagi padha turu.

14. Manawa bab iki kaprungu dening wali-nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengane, supaya aja nganti ndadekake kasusahanmu.”

maca bab lengkap Mateus 28