Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 27:52-65 Kitab Sutji (JAV)

52. apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong suci kang wis padha mati, padha urip maneh.

53. Lan sawise Gusti Yesus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akeh.

54. Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”

55. Ing kono ana wong wadon akeh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndherekake Gusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengane,

56. kayata: Maryam Magdalena, lan Maryam ibune Yakobus lan Yusuf, lan ibune anak-anake Zebedheus.

57. Bareng sore ana wong sugih saka ing kutha Arimatea, jenenge Yusuf, kang uga wis dadi siswane Gusti Yesus,

58. seba marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus. Sang Pilatus banjur dhawuh masrahake marang wong mau.

59. Layon tinampa dening Yusuf, nuli diulesi nganggo mori putih kang resik,

60. banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.

61. Nanging Maryam Magdalena lan Maryam sijine padha ana ing kono padha linggih ing ngareping pasarean.

62. Esuke, yaiku sawise dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha bebarengan sowan menyang ing ngarsane Sang Pilatus

63. lan padha matur: “Tuwan, kula sami kengetan, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sawise telung dina Aku bakal tangi.

64. Awit saking punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun; manawi boten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhe langkung awon langkung awon tinimbang ingkang rumiyin.”

65. Pangandikane Sang Pilatus marang wong-wong mau: “Prajurit-prajurit iki gawenen, wis mangkata, pakuburane jaganen sing becik.”

maca bab lengkap Mateus 27