Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 27:41-60 Kitab Sutji (JAV)

41. Mangkono uga para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa, padha bebarengan moyoki, unine:

42. “Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.

43. Dheweke kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge. Rak wis kandha ngene: Aku iku Putraning Allah.”

44. Dalasan begal-begal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengane mangkono.

45. Wiwit jam rolas nganti tumeka jam telu ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh.

46. Kira-kira jam telu Gusti Yesus nguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lama sabakhtani?” Tegese: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa dene Kawula Paduka tegakaken?

47. Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap: “Elo, Dheweke ngundang Elia.”

48. Nuli ana wong siji kang enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupake ing anggur kecut, digarani glagah lan dicaosake Gusti Yesus supaya kaunjuk.

49. Nanging wong-wong liyane padha ngucap: “Aja, aku arep padha weruh, apa Nabi Elia rawuh ngluwari Dheweke.”

50. Gusti Yesus banjur nguwuh-uwuh maneh kanthi sora, nuli masrahake nyawane.

51. Ing kono gubahe Padaleman Suci suwek dadi loro wiwit saka ing dhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta gunung-gunung karang padha bengkah

52. apadene kuburan-kuburan padha menga, lan akeh wong suci kang wis padha mati, padha urip maneh.

53. Lan sawise Gusti Yesus wungu, wong-wong mau padha metu saka ing kubur, banjur lumebu ing kutha suci lan ngaton marang wong akeh.

54. Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”

55. Ing kono ana wong wadon akeh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndherekake Gusti Yesus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengane,

56. kayata: Maryam Magdalena, lan Maryam ibune Yakobus lan Yusuf, lan ibune anak-anake Zebedheus.

57. Bareng sore ana wong sugih saka ing kutha Arimatea, jenenge Yusuf, kang uga wis dadi siswane Gusti Yesus,

58. seba marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus. Sang Pilatus banjur dhawuh masrahake marang wong mau.

59. Layon tinampa dening Yusuf, nuli diulesi nganggo mori putih kang resik,

60. banjur kasarekake ing pakuburane dhewe kang anyar, kang digawe ing sajroning gumuk karang, lan sawise ngglundungake watu gedhe ing lawanging pasarean mau, nuli mulih.

maca bab lengkap Mateus 27