Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 27:32-48 Kitab Sutji (JAV)

32. Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kapethuk wong saka ing kutha Kirene, jenenge Simon. Iku kapeksa manggul salibe Gusti Yesus.

33. Lakune banjur wis tekan ing panggonan kang aran Golgota, tegese pacumplungan.

34. Gusti Yesus nuli dicaosi ngunjuk anggur campur rempelu. Bareng wis diicipi, ora karsa ngunjuk.

35. Sawise kasalib, pangagemane dibage-bage sarana kaundhi.

36. Wong-wong banjur linggih, njaga Gusti Yesus.

37. Ing sandhuwure mustakane kapasangan tulisan, kang mratelakake sababe kaukum, unine: “Iki Yesus ratune wong Yahudi.”

38. Nalika samana ana begal loro kang sinalib bebarengan karo Gusti Yesus, siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwa.

39. Wong-wong sing padha liwat ing kono, padha ngala-ala Panjenengane, padha gedheg-gedheg

40. karo muni: “Heh, kowe, sing arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun maneh sajroning telung dina, coba awakmu dhewe luwarana. Manawa kowe Putraning Allah, mudhuna saka ing salib!”

41. Mangkono uga para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa, padha bebarengan moyoki, unine:

42. “Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.

43. Dheweke kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge. Rak wis kandha ngene: Aku iku Putraning Allah.”

44. Dalasan begal-begal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengane mangkono.

45. Wiwit jam rolas nganti tumeka jam telu ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh.

46. Kira-kira jam telu Gusti Yesus nguwuh-uwuh kanthi sora: “Eli, Eli, lama sabakhtani?” Tegese: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa dene Kawula Paduka tegakaken?

47. Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap: “Elo, Dheweke ngundang Elia.”

48. Nuli ana wong siji kang enggal-enggal mrono, banjur njupuk jamur karang kacelupake ing anggur kecut, digarani glagah lan dicaosake Gusti Yesus supaya kaunjuk.

maca bab lengkap Mateus 27