Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 27:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Nalika Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus, sumurup, yen Panjenengane bakal kasedanan, banjur kaduwung, dhuwit telung puluh sekel salaka kabalekake marang para pangareping imam lan pinituwa

4. kalawan matur:“ Kula damel dosa, jalaran ngulungaken rahipun tiyang ingkang boten lepat.” Nanging wangsulane wong-wong mau: “Preduli apa, iku prakaramu dhewe!”

5. Dhuwit banjur diuncalake dening Yudas menyang sajroning Padaleman Suci, nuli lunga saka kono lan mati nggantung.

6. Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha calathu:“Dhuwit iki ora kena kalebokake ing pethi pisusung, sabab iki dhuwit getih.”

7. Sawise padha rembugan, dhuwit mau ditukokake palemahaning kundhi, kagawe pakuburaning wong manca.

8. Mulane palemahan mau saprene diarani: palemahan getih.

9. Marga saka iku dadi wis kalakon pangandika kang kalantarake dening Nabi Yeremia: “Padha nampani dhuwit telung puluh sekel salaka, yaiku pangajine kang wis katetepake kanggo wong siji, manut patrap ngregani kang wis kaprah ana ing satengahing bangsa Israel,

10. lan dhuwit mau banjur katukokake palemahaning kundhi, kaya kang dadi dhawuhing Pangeran marang aku.”

11. Gusti Yesus banjur kairid marang ngarsane wali-nagara, nuli kadangu dening wali-nagara: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus ngandika: “Panjenengan sampun mastani.”

12. Nanging tumrap pandakwa, kang kaajokake dening para pangareping imam lan para pinituwa, Gusti Yesus ora paring wangsulan apa-apa.

13. Sang Pilatus ngandika maneh: “Punapa Panjenengan boten mirengaken gigatanipun para seksi ingkang samanten kathahipun punika?”

14. Gusti Yesus ora paring wangsulan babar pisan, njalari gumune wali-nagara.

maca bab lengkap Mateus 27