18. Panjenengane pancen wis mirsa, yen anggone masrahake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.
19. Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwane utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.”
20. Nanging marga saka pangojok-ojoke para pangareping imam lan para pinituwa, wong akeh padha nekad nyuwun supaya Barabas diluwari lan Gusti Yesus disedani.
21. Sang Wali-Nagara paring wangsulan lan ngandika: “Wong loro iku sing endi sing kokkarepake dakluwari?” Ature wong-wong mau: “Barabas.”
22. Sang Pilatus ndangu maneh: “Yen mangkono Yesus kang kasebut Kristus iki karepmu dakkapakake?” Wong-wong padha matur saur manuk: “Kedah dipun salib!”
23. Pandangune maneh:“Nanging apa kaluputane?” Ewasamono wong-wong mau saya sora anggone bengok-bengok: “Kasaliba!”
24. Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehing pambudidaya bakal tanpa guna, malah wis wiwit kisruh kaanane, panjenengane banjur wijik asta ana ing sangareping wong akeh mau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrap getihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”
25. Nanging wong kabeh padha matur: “Rahipun dhumawaha ing kawula dalah saanak-anak kawula.”
26. Sang Pilatus banjur nuruti kareping wong akeh, Barabas diluwari; dene Gusti Yesus sawise kasapu banjur kapasrahake supaya disalib.
27. Para prajurite Sang Wali-Nagara banjur ngirid Gusti Yesus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabeh padha diklumpukake, ngepung Gusti Yesus.