Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 2:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.

5. Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:

6. Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”

7. Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;

8. nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”

9. Para pandhita sawise nampani pangandikane Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wetan, iku ndhisiki lakune tumeka ing padunungane Sang Timur lan mandheg ing sandhuwure.

10. Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.

11. Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.

12. Sawise mangkono, sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane.

13. Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”

maca bab lengkap Mateus 2