Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 2:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes, banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah wetan padha teka ing kutha Yerusalem

2. lan takon-takon:“Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wetan, dene anggen kula mriki punika badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”

3. Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang mangkono iku, banget getere, mangkono uga wong sakutha Yerusalem kabeh.

4. Sang Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang Kristus iku.

5. Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:

6. Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”

7. Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha kadangu genah-genahe wektu katoning lintange;

8. nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”

9. Para pandhita sawise nampani pangandikane Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wetan, iku ndhisiki lakune tumeka ing padunungane Sang Timur lan mandheg ing sandhuwure.

10. Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe.

maca bab lengkap Mateus 2