Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 15:5-23 Kitab Sutji (JAV)

5. Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,

6. wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.

7. Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:

8. Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene,dene atine adoh karo Ingsun.

9. Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun,dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”

10. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:

11. “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”

12. Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsane lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?”

13. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemane RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode.

14. Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”

15. Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.”

16. Dhawuh pangandikane Gusti Yesus: “Dadi kowe iya padha durung mangreti?

17. Apa kowe padha ora mangreti, yen samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parane menyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan?

18. Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.

19. Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: pikiran kang ala, gawe pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.

20. Yaiku kang gawe jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.”

21. Gusti Yesus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe kutha Tirus lan Sidon.

22. Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”

23. Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”

maca bab lengkap Mateus 15