Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 15:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yerusalem kang padha sowan marang ngarsane Gusti Yesus sarta matur:

2. “Punapa sababipun, dene sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhe nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?”

3. Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?

4. Sabab Gusti Allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan maneh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati.

5. Ewadene kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangeran,

6. wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakne utawa biyunge maneh. Dadine kowe wis ngorakake pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhewe.

7. Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:

8. Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene,dene atine adoh karo Ingsun.

9. Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun,dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”

10. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh, kang dipangandikani mangkene:

11. “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.”

maca bab lengkap Mateus 15