Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 14:22-36 Kitab Sutji (JAV)

22. Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindake menyang ing sabrang, dene wong akeh padha kadhawuhan mulih.

23. Bareng wong akeh wis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengane piyambakan bae ana ing kono.

24. Nalika iku lakune praune para sakabat wis sawetara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga angine nampek.

25. Bareng wis jam telu bengi Gusti Yesus tindak nusul para sakabate, tindake napak ing sagara.

26. Nalika para sakabat sumurup Panjenengane tindak ing sadhuwuring banyu iku, padha kaget lan alok: “Ana memedi!” banjur padha jerit-jerit, marga saka wedine.

27. Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”

28. Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.”

29. Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.

30. Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!”

31. Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?”

32. Banjur padha munggah ing prau, angine tumuli mendha.

33. Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”

34. Sawise nyabrang, padha mentas ana ing tanah Genesaret.

35. Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Gusti Yesus, banjur padha aweh weruh marang ing wewengkon kono kabeh. Wong-wong banjur padha ngirid sakehing wong lara, kasowanake ing ngarsane,

36. kalawan matur, keparenga amung ndemek gombyoking jubahe, dene sapira kang ndemek, padha dadi waras.

maca bab lengkap Mateus 14