Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mateus 14:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. sarta utusan nigas janggane Nabi Yokanan ana ing pakunjaran

11. lan mustakane digawa ana ing talam kapasrahake marang putri mau, kang banjur dicaosake marang ingkang ibu.

12. Sawise iku para sakabate Nabi Yokanan tumuli teka ngukup layone, disarekake, banjur padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturake bab mau.

13. Bareng Gusti Yesus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akeh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthane.

14. Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.

15. Sorene para sakabate padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika samun tur sampun wiwit peteng. Tiyang kathah punika prayogi kadhawuhan kesah tumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.”

16. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowe bae padha menehana mangan.”

17. Unjuke para sakabat: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih.”

18. Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawenen mrene, wenehna Aku.”

19. Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.

20. Kabeh banjur padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono cuwilan-cuwilan turahane diklumpukake dadi rolas wakul kebak,

21. sing melu mangan mau cacahe wong lanang kira-kira limang ewu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapetung.

22. Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindake menyang ing sabrang, dene wong akeh padha kadhawuhan mulih.

maca bab lengkap Mateus 14