Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 9:35-42 Kitab Sutji (JAV)

35. Gusti Yesus banjur lenggah, sakabat rolas padha ditimbali lan dipangandikani mangkene: “Sing sapa kapengin dadi pangarep, iku dadia kang keri dhewe lan dadia paladene wong kabeh.”

36. Gusti Yesus banjur mundhut bocah cilik, diadegake ing tengah, nuli dirangkul sarta ngandika marang para sakabat:

37. “Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampaani, nanging kang ngutus Aku.”

38. Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes golongan kawula, nundhung setan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanes golongan kawula sadadya.”

39. Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakake mukjijat atas jenengKu, banjur ngala-ala Aku.

40. Sing sapa ora nyulayani kita dadi ngrojongi kita.

41. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.”

42. “Sing sapa dadi sandhungan tumrap para cilik kang padha pracaya iki, iku luwih becik manawa dikalungana watu panggilingan lan dicemplungna ing sagara.

maca bab lengkap Markus 9