Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 9:25-34 Kitab Sutji (JAV)

25. Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”

26. Dhemite banjur metu karo jerit-jerit, bocahe dieweng-eweng sakatoge, nganti katon kaya bocah mati, malah akeh wong kang alok: “Bocahe wis mati.”

27. Gusti Yesus nuli ngasta tangane bocah mau, diadegake, banjur ngadeg.

28. Nalika Gusti Yesus wis lumebet ing sawijining omah, lan mung kaadhep dening para sakabate thok, para sakabat mau matur pitakon, “Punapaa dene kawula sami boten saged nundhung dhemit wau?”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Jinis iki ora bisa ditundhung kajaba mung sarana pandonga.”

30. Tumuli padha mangkat saka ing kono, nratas ing tanah Galilea, karsane Gusti Yesus aja ana wong kang weruh,

31. amarga lagi paring piwulang marang para sakabate, pangandikane: “Putrane Manungsa bakal kaulungake marang tangane wong, bakal disedani, nanging sawise disedani, ing telung dinane bakal wungu maneh.”

32. Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.

33. Sawise mangkono banjur padha teka ing kutha Kapernaum. Bareng wis ana ing dalem, Gusti Yesus ndangu marang para sakabate: “Apa sing padha kokrembung ana ing dalan mau?”

34. Nanging kabeh padha meneng bae, sabab nalika ana ing dalan mau padha padudon bab sapa kang dhuwur dhewe ing antarane para sakabat iku.

maca bab lengkap Markus 9