Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 6:31-46 Kitab Sutji (JAV)

31. Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhewe lan padha ngaso sadhela.” Amarga pancen akeh banget wong kang padha teka lunga, nganti mangan bae padha ora kober.

32. Banjur padha mangkat nunggang prau menyang ing panggonan kang sepi, ndhewe.

33. nanging nalika padha mangkat, akeh wong kang padha weruh lan nyumurupi sedyane. Ora suwe banjur akeh wong kang padha teka saka ing kutha-kutha kabeh, kang padha lumaku dharat menyang ing panggonan kono, ndhisiki tekane.

34. Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengane nuli wiwit memulang bab prakara akeh marang wong-wong mau.

35. Bareng wis wiwit peteng, para sakabat padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika sepi, mangka sampun wiwit peteng.

36. Tiyang-tiyang punika bok dipun dhawuhi mundur supados sami tumbas tetedhan dhateng ing dhusun-dhusun saha ing kampung-kampong ing sakiwa-tengenipun papan punika.”

37. Nanging paring wangsulane: “Kowe bae padha menehana mangan!” Unjuke para sakabat: “Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?”

38. Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe duwe roti pira? Coba priksanen!” Sawise dititi-priksa, banjur padha munjuk: “Wonten roti gangsal, sarta ulam kalih.”

39. Banjur padha kadhawuhan nata wong-won mau, supaya padha linggih gegrombolan ana ing pasuketan.

40. Wong-wong banjur padha linggih gegrombolan, ana kang nyatus, ana kang nyeket.

41. Sawise Gusti Yesus mendhet roti lima lan iwak loro iku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi, rotine tumuli dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya didum-dumake marang wong kabeh, mangkono uga iwake loro mau iya didum-dumake nganti warata.

42. Wong kabeh padha mangan nganti wareg.

43. Turahan cuwil-cuwilan padha diklumpukake dadi rolas wakul kebak, mangkono uga turahane iwak.

44. Anadene kang melu mangan roti iku cacahe wong lanang limang ewu.

45. Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya enggal nunggang prau ndhisiki nyabrang menyang ing Betsaida; nalika samana wong akeh padha kadhawuhan mulih.

46. Bareng wis padha lunga kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung ndedonga.

maca bab lengkap Markus 6