Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 6:19-37 Kitab Sutji (JAV)

19. Mulane Sang Putri Herodhias ngincim-incim marang Nabi Yokanan lan ngudi bisane nyedani panjenengane, nanging ora bisa,

20. sabab Sang Prabu Herodhes ering marang Nabi Yokanan, amarga mirsa, yen Nabi Yokanan iku mursid lan suci, mulane diayomi. Nanging manawa midhangetake pangandikane Nabi Yokanan, pangalihe banjur kaya diontang-antingake, ewadene remen miyarsakake.

21. Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.

22. Ing nalika samana putrane putri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa, njalari sukaning panggalihe Sang Prabu Herodhes lan para tamu-tamune. Sang Nata banjur ngandika marang putri mau: “Kowe nyuwuna marang aku sakarepmu, mesthi bakal dakparingi!”

23. Malah banjur sumpah, pangandikane: “Apa bae kang koksuwun, bakal dakparingake, sanadyan saparoning krajanku!”

24. Putri mau banjur mundur sarta matur marang kang ibu: “Punapa ingkang kula suwun?” Wangsulane kang ibu: “Sirahe Yokanan Pambaptis.”

25. Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!”

26. Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.

27. Sang Nata banjur utusan prajurit tamtama nggawa mustakane Nabi Yokanan. Kang kautus banjur mundur, lan nigas Nabi Yokanan ana ing pakunjaran.

28. Sawise mangkono mustakane nuli kadekek ing talam lan ditampakake marang putri mau, kang banjur dicaosake marang kang ibu.

29. Para sakabate Nabi Yokanan bareng krungu bab iku, banjur padha teka ngukup layone lan disarekake ana ing pakuburan.

30. Sawise mangkono para rasul padha nglumpuk ana ing ngarsane Gusti Yesus lan padha matur apa kang wis padha ditindakake kabeh lan kang diwulangake.

31. Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhewe lan padha ngaso sadhela.” Amarga pancen akeh banget wong kang padha teka lunga, nganti mangan bae padha ora kober.

32. Banjur padha mangkat nunggang prau menyang ing panggonan kang sepi, ndhewe.

33. nanging nalika padha mangkat, akeh wong kang padha weruh lan nyumurupi sedyane. Ora suwe banjur akeh wong kang padha teka saka ing kutha-kutha kabeh, kang padha lumaku dharat menyang ing panggonan kono, ndhisiki tekane.

34. Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengane nuli wiwit memulang bab prakara akeh marang wong-wong mau.

35. Bareng wis wiwit peteng, para sakabat padha sowan ing ngarsane lan matur: “Panggenan punika sepi, mangka sampun wiwit peteng.

36. Tiyang-tiyang punika bok dipun dhawuhi mundur supados sami tumbas tetedhan dhateng ing dhusun-dhusun saha ing kampung-kampong ing sakiwa-tengenipun papan punika.”

37. Nanging paring wangsulane: “Kowe bae padha menehana mangan!” Unjuke para sakabat: “Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?”

maca bab lengkap Markus 6