Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 5:34-42 Kitab Sutji (JAV)

34. Pangandikane marang wong wadon iku, “He, ngger, pangandelmu kang mitulungi kowe. Wis mundura kanthi tentrem rahayu, lan lestraia marine lelaramu iku.”

35. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana wong saka ing omahe lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur: “Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?”

36. Nanging Gusti Yesus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela bae!”

37. Sawise mangkono ora ana wong siji bae kang diparengake ndherek, kajaba Petrus, Yakobus lan Yokanan, sadulure Yakobus.

38. Bareng wis padha tekan ing omahe lurah papan pangibadah, padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan padha sesambat kanthi suwara sora.

39. Bareng Gusti Yesus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “Yagene kowe padha ribut lan nangis? Bocahe ora mati, lagi turu.”

40. Nanging wong-wong padha nggeguyu.Kabeh wong banjur padha didhawuhi metu, banjur nimbali bapa biyunge bocah mau lan kang padha ndherek, sarta lumebet ing kamare bocah mau.

41. Tangane bocah nuli kaasta kalawan ngandika: “Talita kum,” tegese: “He, ngger, kowe Dakkandhani, tangia!”

42. Sanalika iku uga bocahe tangi, ngadeg sarta lumaku, sabab umure wis rolas taun. Kabeh wong kang ana ing kono padha kaeraman.

maca bab lengkap Markus 5