Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 5:11-30 Kitab Sutji (JAV)

11. Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akeh banget kang pinuju golek pangan.

12. Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengane, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhe kawula lebeti.”

13. Gusti Yesus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono.

14. Pangon-pangone babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakake lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon iku.

15. Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.

16. Wong-wong kang padha nyumurupi dhewe lelakon mau padha nyritakake marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau.

17. Wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yesus, supaya Panjenengane nilar wewengkone.

18. Nalika Gusti Yesus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana dherek satindake.

19. Nanging Gusti Yesus ora marengake, pangandikane marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabeh apa kang wis katindakake dening Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan dening Allah.”

20. Wong mau iya banjur mangkat lan wiwit martak-martakake ana ing wewengkon Dekapolis apa kang wis ditindakake dening Gusti Yesus tumrap dheweke; wong-wong padha eram kabeh.

21. Sawise Gusti Yesus nyabrang maneh kalawan nitih prau banjur akeh banget wong kang padha nglumpuk ing ngarsane ana ing pinggir sagara,

22. tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan in ngarsane. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sujud

23. lan nyuwun kanthi adreng, ature: “Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta, supados wilujen lan lestantun gesang.”

24. Gusti Yesus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akeh padha ndherekake, padha suk-sukan ing sacedhake Panjenengane.

25. Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun.

26. Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-pirang, nganti kabeh barang darbeke entek, nanging ora bisa waras, malah kosokbaline, larane saya banget.

27. Dheweke wis krungu pawarta bab Gusti Yesus, mulane banjur ndhesel-ndhesel ing satengahe wong akeh nyedhaki Gusti Yesus saka ing buri lan ndemek jubahe.

28. Sabab pamikire: “Angger aku bisa ndemek jubahe bae, aku mesthi mari.”

29. padha sanalika anggone nggrajag getih mampet lan krasa yen awake wis waras, larane wis mari.

30. ing sanalika iku uga Gusti Yesus mangretos, yen ana daya kang metu saka ing sarirane, banjur mengo ana ing satengahe wong akeh ikusarta ndangu, “Sapa sing ndemok jubahku?”

maca bab lengkap Markus 5