32. Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhe ngluwihi sakabehing jejanganan liyane, sarta metu pange kang gedhe-gedhe, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.”
33. Gusti Yesus anggone mulangake pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akeh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretene,
34. lan ora padha dipangandikani apa-apa kang tanpa pasemon, nanging yen marang para sakabate apa bae diterangake piyambakan.
35. Ing dina iku bareng wis sore, Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ayo padha menyang sabrang.”
36. Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.
37. Tumuli ana prahara gedhe, lan ombake nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti praune meh kebak banyu.
38. Dene Gusti Yesus ana ing buritan, lagi sare ngagem kajang sirah. Banjur diwungu dening para sakabat, unjuke: “Guru, punapa Paduka boten nggalih, bilih kawula sami badhe tiwas?”
39. Panjenengane banjur wungu, angine didukani, lan ngandika marang sagara: “Menenga lan dadia anteng!” Angine nuli mendha lan sagarane dadi anteng maneh.
40. Banjur ngandika marang para sakabate: “Yagene kowe padha wedi mangkono? Yagene kowe ora padha pracaya?”
41. Wong-wong mau padha dadi wedi banget lan padha guneman: “Sapa ta Panjenengane iku, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe?”