Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 4:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. nanging banjur kasusahaning donya iki lan panasaraning kasugihan apadene kamelikan-kamelikan marang bab liya-liyane iku padha sumusup ing ati lan ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.

20. Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokake sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”

21. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Wong nggawa damar iku ora banjur dikurebi tompo utawa didokok ing longan, nanging banjur ditumpangake ing jodhog.

22. Sabab ora ana barang kang kasidhem, kang ora bakal kalairake, lan ora ana barang kang winadi kang ora bakal kawiyak.

23. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake iku ngrungokna!”

24. Banjur ngandika maneh, “Ematna apa kang padha kokrungokake. Ukuran kang kokanggo ngukur, iku uga bakal kanggo ngukur kowe, sarta kajaba iku tumrap kowe bakal diwuwuhi.

25. Amarga sapa kang duwe, bakal diparingi, dene sing ora duwe, kabeh kang kaduwe bakal kapunduhut.”

26. Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah,

27. nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.

28. Bumi iku metokake woh dhewe, kang dhisik gagange, banjur wewulene, nuli gandume kang mentes-mentes.

29. Manawa wohe wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panen.”

30. Gusti Yesus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakake apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa?

maca bab lengkap Markus 4