Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse iku Gusti Yesus rawuh ing papan pangibadah maneh. Ing kono ana wong kang tangane ceko sasisih.

2. Wong-wong padha ngulatake, apa bakal marasake wong iku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakan kanggo nglapurake Panjenengane.

3. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!”

4. Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.

5. Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.

6. Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengane.

7. Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea

8. saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.

9. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.

10. Mulane mangkono, awit wis akeh wong kang diwarasake, satemah wong kang padha nandhang lelara padha suk-sukan mau arep ndemek Panjenengane.

maca bab lengkap Markus 3