Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:48-66 Kitab Sutji (JAV)

48. Gusti yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha mrene nyekel Aku kanthi asikep gegaman pedhang lan penthung?

49. Mangka saben dina Aku ana ing satengahmu, memulang ana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel. Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudu kayektenan.”

50. Para sakabat banjur padha lumayu, ninggal Panjenengane.

51. Nalika samana ana wong nom-noman ndherekake Gusti Yesus, kang mung kemul lawon, iku iya arep dicekel,

52. nanging tumuli ninggal lawone, lumayu wuda.

53. Gusti Yesus banjur kadhabyang menyang ing daleme Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Toret padha nglumpuk ana ing kono.

54. Kacrita Petrus ngodhol marang Gusti Yesus nganti tekan ing plataraning Imam Agung, banjur linggih awor para abdi, karo api-api.

55. Para pangareping imam, malah sapepake pradata, padha golek paseksen kang kanggo nggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh.

56. Akeh wong kang padha ngaturake paseksen palsu, nanging siji lan sijine ora bisa gathuk.

57. Banjur ana wong sawatara kang ngaturake paseksen rerekan, nglawan Gusti Yesus kalawan pandakwa mangkene:

58. “Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Padaleman Suci gaweaning manungsa iki arep Dakrubuhake, lan sajroning telung dina aku bakal ngadegake liyane, kang dudu gaweaning manungsa.”

59. Paseksen iki uga cengkah karo paseksen liyane.

60. Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan nuli ndangu marang Gusti Yesus: “Apa Kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwaning seksi-seksi marang Kowe iku?”

61. Nanging Gusti Yesus kendel bae, ora maringi wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu maneh marang Panjenengane: “Apa Kowe Sang Kristus, Putraning Kang Mahapinuji?”

62. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane, lan kowe kabeh bakal padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Mahakuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”

63. Imam Agung banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngandika: “Apa prelune isih nganggo seksi maneh?

64. Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang panjenengan?” Wong-wong kabeh padha sarujuk, yen Panjenengane kudu diukum pati.

65. Banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemi karo kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!” Dalasan para abdi iya padha napuki.

66. Nalika iku Petrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdine Imam Agung, kan teka,

maca bab lengkap Markus 14