Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:39-55 Kitab Sutji (JAV)

39. Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.

40. Bareng wangsul, para sakabate lagi padha turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padha ngreti kudu ngaturake wangsulan kapriye marang Panjenengane.

41. Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wancine, delengen, Putraning Manungsa diulungake marang tangane para wong dosa.

42. Tangia, ayo padha lunga, sing ngulungake Aku wis cedhak.”

43. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas kang dadi panunggalane sakabat rolas, dumadakan teka bebarengan karo wong sagrombolan kang padha asikep pedhang lan penthung, yaiku utusane para pangareping imam, ahli Toret lan para pinituwa.

44. Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”

45. Bareng wis tekan ing kono Yudas banjur marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.

46. Wong-wong mau banjur padha ngebyuk nyekel Gusti Yesus.

47. Salah sawijining wong kang ana ing kono ngunus pedhange lan banjur disabetake marang abdining Imam Agung, temah perung kupinge.

48. Gusti yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha mrene nyekel Aku kanthi asikep gegaman pedhang lan penthung?

49. Mangka saben dina Aku ana ing satengahmu, memulang ana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel. Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudu kayektenan.”

50. Para sakabat banjur padha lumayu, ninggal Panjenengane.

51. Nalika samana ana wong nom-noman ndherekake Gusti Yesus, kang mung kemul lawon, iku iya arep dicekel,

52. nanging tumuli ninggal lawone, lumayu wuda.

53. Gusti Yesus banjur kadhabyang menyang ing daleme Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Toret padha nglumpuk ana ing kono.

54. Kacrita Petrus ngodhol marang Gusti Yesus nganti tekan ing plataraning Imam Agung, banjur linggih awor para abdi, karo api-api.

55. Para pangareping imam, malah sapepake pradata, padha golek paseksen kang kanggo nggugat Gusti Yesus, supaya bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora oleh.

maca bab lengkap Markus 14