Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:34-44 Kitab Sutji (JAV)

34. banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasane nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.”

35. Panjenengane banjur mlampah sawatara tindak, nuli sumungkem ing bumi sarta ndedonga, manawa pancen diparengake, muga wektu iku sumingkira saka ing Panjenengane.

36. Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”

37. Sawise mangkono Panjenengane banjur wangsul, katelune padha katemu turu. Nuli ngandika marang Petrus: “Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?

38. Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”

39. Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.

40. Bareng wangsul, para sakabate lagi padha turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padha ngreti kudu ngaturake wangsulan kapriye marang Panjenengane.

41. Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wancine, delengen, Putraning Manungsa diulungake marang tangane para wong dosa.

42. Tangia, ayo padha lunga, sing ngulungake Aku wis cedhak.”

43. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas kang dadi panunggalane sakabat rolas, dumadakan teka bebarengan karo wong sagrombolan kang padha asikep pedhang lan penthung, yaiku utusane para pangareping imam, ahli Toret lan para pinituwa.

44. Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”

maca bab lengkap Markus 14