Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:23-39 Kitab Sutji (JAV)

23. Sawise mangkono, Gusti Yesus banjur mundhut tuwung, lan sawise saos sokur tuwung nuli diparingake marang para sakabat. Kabeh banjur padha ngombe saka ing tuwung mau.

24. Pangandikane Gusti Yesus: “Iki getihKu, getihing prajanjian, kang diwutahake kanggo wong akeh.

25. Aku pitutur marang kowe: Satemene Aku ora bakal ngombe maneh saka pametune wit anggur, nganti tumeka dinane Aku bakal ngombe kang anyar ana ing Kratoning Allah.”

26. Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha menyang ing gunung Zaitun.

27. Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar.

28. Nanging sawise Aku katangekake, Aku bakal ndhisiki kowe menyang ing tanah Galilea.”

29. Petrus banjur munjuk: “Sanadyan sadaya sami kacuwan, kawula temtu boten.”

30. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene ing dina iki, ing bengi iki uga, sadurunge jago kluruk ping pindho, kowe bakal wis nyelaki Aku kaping telu.”

31. Nanging Petrus saya nemen anggone munjuk: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Liya-liyane iya padha munjuk mangkono.

32. Bareng padha tekan ing panggonan kang aran Getsemane, Gusti Yesus ngandika marang para sakabat: “Padha linggiha ana ing kene, sajrone Aku ndedonga.”

33. Petrus, Yakobus lan Yokanan padha kadhawuhan ndherek. Panjenengane kraos ajrih banget lan gumeter,

34. banjur ngandika marang sakabat-sakabat mau: “Aku prihatin banget, rasane nganti kaya arep mati. Kowe padha anaa ing kene lan meleka.”

35. Panjenengane banjur mlampah sawatara tindak, nuli sumungkem ing bumi sarta ndedonga, manawa pancen diparengake, muga wektu iku sumingkira saka ing Panjenengane.

36. Ature: “Dhuh Abba, Rama, kagem Paduka boten wonten barang ingkang mokal, mila mugi karsaa nyingkiraken tuwung punika saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga ing sakarsa Paduka.”

37. Sawise mangkono Panjenengane banjur wangsul, katelune padha katemu turu. Nuli ngandika marang Petrus: “Simon, kowe kok turu? Apa kowe ora kuwat melek sajam bae?

38. Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”

39. Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.

maca bab lengkap Markus 14