Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Sawuse mangkono, Yudas Iskariot, kang kagolong sakabat rolas, lunga nemoni para pangareping imam arep ngulungake Gusti Yesus.

11. Iku bareng krungu padha bungah sarta janji bakal ngopahi dhuwit dheweke. Yudas banjur golek dalan kang prayoga bisane ngulungake Gusti Yesus.

12. Nalika dina kapisan ing riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina panyembelehing wedhus Paskah, para sakabate Gusti Yesus padha matur: “Karsa Paduka, kawula sami kadhawuhan cecawis Paskah kagem Paduka wonten ing pundi?”

13. Gusti Yesus banjur ngutus sakabat loro kalawan dipangandikani mangkene: “Padha menyanga kutha; ana ing kana kowe bakal kapethuk karo wong ngindhit jun isi banyu. Iku etutna,

14. lan kandhaa marang wong kang duwe omah, kang dileboni wong mau: Piwelingipun Guru: Endi kamar kang dicawisake, kang bakal Dakanggo dhahar Paskah karo para sakabatKu?

15. Wong mau banjur bakal nuduhake kamar kang jembar ana ing loteng, kang wis katata miranti. Padha nyawisna Paskah ana ing kono kanggo aku kabeh!”

16. Karone banjur padha mangkat lan satekane ing kutha, tinemune iya kaya kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus. Banjur padha nyawisake Paskah.

17. Bareng sore Gusti Yesus rawuh ing kono kadherekake sakabate rolas.

18. nalika padha linggih mangan, Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur ing kowe: satemene ana panunggalanmu siji kang bakal ngulungake Aku, yaiku kang ndherek dhahar Aku.”

19. Kabeh banjur padha sedhih atine, lan padha matur genti-genti: “Rak sanes kawula ta, Gusti?”

20. Paring wangsulane: “Wong iku salah sawijining panunggalamu rolas iki, kang nyelupake roti ing pinggan karo Aku.

21. Putraning Manungsa pancen bakal jengkar ngetrepi apa kang wis katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning manungsa kaulungake. Luwih becik, saupama wong iku ora lair.”

22. Nalika padha mangan, Gusti Yesus banjur mundhut roti, sawise dibarkahi tumuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat, kalawan ngandika: “Padha tampanana, iki sariraKu.”

maca bab lengkap Markus 14