Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita kurang rong dina wis riyaya Paskah lan riyaya Roti Tanpa Ragi. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan bisane nyekel lan nyedani Gusti Yesus kalawan paekan

2. sabab tembunge: “Aja ing wektu riyaya, supaya ora nggegerake wong akeh.”

3. Ing nalika Gusti Yesus ana ing desa Betania, ana ing omahe Simon Budhug lan pinuju dhahar, ana wong wadon kang marak karo nggawa gendul watu isi lenga jebad nared tulen, kang akeh ajine. Gendule nuli dipecah, lengane banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus.

4. Pratingkah mangkono iku ndadekake muring-muringe sawenehing wong lan padha rasanan: “Yagene lenga jebad iku diebreh-ebreh mangkono?

5. Sabab saupama diedola, mesthi payu luwih saka telung atus dinar, kena didanakake marang wong miskin.” Wong wadon mau banjur disrengeni.

6. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Nengna bae wong iku. Yagene kowe padha gawe ribeding atine? Wong iku nindakake panggawe becik marang Aku.

7. Sabab wong miskin iku salawase ana ing kowe, kowe bisa mitulungi sawanci-wanci, nanging Aku ora bakal salawase ana ing kowe.

8. Wong iku wus nindakake apa kang bisa ditindakake. SariraKu wus dijebadi minangka pacawisan tumrap anggonKu bakal kasarekake.

9. Aku pitutur marang kowe: Satemene anaa ing ngendi bae Injil kawartakake ing saindenging jagad iki, apa kang ditindakake iku iya bakal kacaritakake minangka pangeling-eling marang dheweke.”

maca bab lengkap Markus 14