Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 13:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Kowe nyawang yeyasan kang gedhe endah iki? Besuk bakal ora ana watu kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal padha dijugrugi.”

3. Bareng Gusti Yesus lenggah ing gunung Zaitun adhep-adhepan karo Padaleman Suci, Petrus, Yakobus, Yokanan lan Andreas matur pitakon dhewekan marang Panjenengane:

4. “Paduka mugi karsaa paring sumerep, benjing punapa kelampahanipun bab punika saha punapa ingkang badhe dados alamatipun, manawi sadaya punika wau sampun badhe kelampahan?”

5. Gusti Yesus bajur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!

6. Bakal akeh wong kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki, sarta bakal nasarake wong pirang-pirang.

7. Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabeh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane.

8. Awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-pirang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabeh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepake jaman anyar.

9. Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.

10. Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa.

11. Dene manawa kowe diirid diladekake, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingake marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci.

12. Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.

13. Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”

maca bab lengkap Markus 13