Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 13:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing.

19. Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.

20. Lan saupama Pangeran ora ngungkret wektune, ora ana kumelip kang lestari slamet; nanging amarga saka para pepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran, wektune kaungkret.

21. Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel.

22. Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.

23. Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabeh wis Daktuturake marang kowe.”

24. “Ananging ing wektu iku, sawise kasangsaran mau kalakon, srengenge bakal dadi peteng lan rembulan ora bakal samunar

25. sarta lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, apadene pikukuhing langit bakal padha gonjing.

26. Ing nalika iku wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih mega kalawan ngagem sakabehing panguwasa lan kamulyane.

27. Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.

28. Padha methika piwulang saka ing pasemon bab wit anjir. Samangsa pangpange wiwit memes lan semi, iku kowe padha ngreti, yen wis meh mangsa panas.

29. Mangkono uga, manawa kowe padha sumurup sakabehing kadadean mau, padha ngretia, yen wis cedhak, wis ana in ngarep lawang.

maca bab lengkap Markus 13