Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 13:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Nanging Injil kudu diwartak-wartakake dhisik marang sakabehing bangsa.

11. Dene manawa kowe diirid diladekake, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingake marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci.

12. Sadulur bakal ngulungake padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungake anake sarta ana-anak bakal padha mbalela marang wong-tuwane lan mateni wong-tuwane.

13. Kowe bakal padha disengiti dening wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”

14. “Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambek siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine -- sing padha maca padha migatekna -- wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan.

15. Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka ing omahe

16. lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane.

17. Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku.

18. padha ndedongaa, supaya kalakone iku kabeh aja mbeneri mangsa padhidhing.

19. Amarga ing nalika iku bakal ana kasangsaran kang ora ana pepadhane wiwit dumadining donya, kang katitahake dening Pangeran, nganti tumeka ing saiki lan kang ing besuk iya bakal ora kalakon maneh.

20. Lan saupama Pangeran ora ngungkret wektune, ora ana kumelip kang lestari slamet; nanging amarga saka para pepilihan, kang wis kapilih dening Pangeran, wektune kaungkret.

21. Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel.

maca bab lengkap Markus 13