Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 1:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.”

5. Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden.

6. Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas.

7. Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes.

8. Aku mbaptis kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane bakal mbaptis kowe kalawan Roh Suci.”

9. Nalika samana Gusti Yesus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden.

10. Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane.

11. Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”

12. Sawise iku Gusti Yesus dumadakan katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun.

13. Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha dening Iblis, Panjenengane lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi dening para malaekat.

14. Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah,

15. pangandikane: “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”

maca bab lengkap Markus 1