Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 1:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. pangandikane: “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”

16. Nalika Gusti Yesus tindak ana ing urut pinggire sagara Galilea, mirsa Simon karo Andreas sadulure Simon, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi tukang golek iwak.

17. Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.”

18. Sakarone nuli enggal-enggal ninggal jalane lan ndherekake Panjenengane.

19. Bareng nglajengake tindake sawatara, Gusti Yesus mirsa Yakobus anake Zebedheus lan Yokanan sadulure lagi ana ing prau ndandani jalane.

20. Sakarone nuli enggal padha ditimbali dening Gusti Yesus, lan iya banjur padha ninggal Zebedheus, bapakne, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndherekake Panjenengane.

21. Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.

22. Wong-wong padha kaeraman ngrungokake piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Toret.

23. Nalika samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh:

24. “Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”

25. Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!”

26. Wong kan kapanjingan banjur kececengan marga saka panggawene dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau.

27. Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon, “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.”

28. Pawarta bab Panjenengane iki banjur enggal sumebar tekan ngendi-endi ana ing wewengkon Galilea.

maca bab lengkap Markus 1