Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 3:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,

2. ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan; putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.

3. Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”

4. Iki cocok karo kang tinulis ing kitab pamedharwangsite Nabi Yesaya:“Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara-samun.Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge!

5. Saben jurang bakal kaurugan, lan saben gunung lan punthuk bakal karata; kang menggak-menggok bakal kalencengake,kang mendhak-mandhukul bakal karata,

6. apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”

7. Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?

8. Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!

9. Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”

10. Wong akeh mau banjur padha matur pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?”

11. Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenahana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”

12. Ana juru-mupu-beya kang uga padha teka arep nyuwun baptis, iku padha matur pitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?”

maca bab lengkap Lukas 3