Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitu dina anggone wong-wong padha nyembeleh cempening Paskah,

8. Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.”

9. Unjuke wong loro mau: “Karsa Paduka anggen kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?”

10. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha lumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wong kang nggawa kendhi isi banyu, iku banjur etutna tekan ing omah kang dileboni

11. lan matura marang kang duwe omah iku: Sang Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamare, sing kena Dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatKu?

12. Wong iku banjur nuduhake marang kowe kamar gedhe ing dhuwur kang wis katata miranti. Kowe padha nganakna pacawisan ana ing kono.”

13. Karone banjur padha mangkat, tinemune iya trep kaya kang kapangandikakake dening Gusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.

14. Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule.

15. Tumuli padha dipangandikani: “Aku wis kapengin banget mangan Paskah iki bebarengan karo kowe kabeh, sadurunge Aku nandhang sangsara.

16. Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.”

17. Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata,

18. sabab Aku pitutur marang kowe: wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur maneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allah rawuh.”

19. Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”

maca bab lengkap Lukas 22