Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22:58-70 Kitab Sutji (JAV)

58. Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”

59. Lan kira-kira let sajam ana wong liyane maneh kang calathu tanpa ringa-ringa: “Tenan, wong iki iya tunggale Dheweke, sabab iki iya wong Galilea.”

60. Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk.

61. Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”

62. Petrus nuli metu lan nangis kelara-lara.

63. Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi.

64. Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?”

65. Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.

66. Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.

67. Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel;

68. lan sanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabeh bakal ora mangsuli.

69. Wiwit saiki Putraning Manungsa wis lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakuwasa.”

70. Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.”

maca bab lengkap Lukas 22