Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22:48-57 Kitab Sutji (JAV)

48. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungake Putraning Manungsa apa sarana nucup?”

49. Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?”

50. Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung.

51. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaasta kawarasake.

52. Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?

53. Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”

54. Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.

55. Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono.

56. Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”

57. Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”

maca bab lengkap Lukas 22