Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22:38-50 Kitab Sutji (JAV)

38. Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”

39. Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga.

40. Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”

41. Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature:

42. “Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.”

43. Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.

44. Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.

45. Banjur jumeneng saka anggone ndedonga lan tindak murugi para sakabate, ketemu padha turu, marga saka susahe.

46. Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”

47. Sajrone isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid dening sawijining panunggalane sakabat rolas kang jenenge Yudas, iku banjur mrepeki Gusti Yesus arep nucup.

48. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungake Putraning Manungsa apa sarana nucup?”

49. Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?”

50. Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung.

maca bab lengkap Lukas 22