Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.”

23. Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.

24. Kacarita para sakabat iya padha diya-diniya bab panunggalane sapa kang bakal dianggep dhuwur dhewe.

25. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman.

26. Nanging kowe kabeh iku ora mangkono, malah kang dhuwur dhewe ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhewe lan kang dadi panuntun dadia kang ngladeni.

27. Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.

28. Kowe kabeh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajrone Aku kena ing godha-rencana.

29. Sarta Aku wus nyawisake Kraton kanggo kowe kabeh kayadene RamaKu wus nyawisake marang Aku,

30. supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”

31. “Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum,

32. nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”

33. Atur wangsulane Petrus: “Gusti, kawula cumadhang mbelani Paduka, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan.”

maca bab lengkap Lukas 22