Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 19:24-36 Kitab Sutji (JAV)

24. Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wenehna marang kang nggawa sapuluh mina.

25. Unjuke wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.

26. Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.

27. Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”

28. Sawise ngandika mangkono, Gusti Yesus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang ing kutha Yerusalem.

29. Bareng wis cedhak desa Betfage lan Betania kang dumunung ing gunung kang aran gunung Zaitun, Gusti Yesus nuli ngutus sakabate loro

30. kalawan kaparingan piweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ing ngarep kae. Salebumu ing kono, kowe bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.

31. Lan manawa ana wong kang takon marang kowe: Punapa kok panjenengane uculi, wangsulana mangkene: Gusti ingkang mbetahaken.”

32. Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemune kaya sapangandikane Gusti Yesus mau.

33. Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwe kuldi padha ngaruh-aruhi: “Sabab punapa kuldinipun kok panjenengan uculi?”

34. Wangsulane utusan: “Gusti ingkang mbetahaken.”

35. Kuldine tumuli dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjur dilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawani anggone nitih belo iku.

36. Sasuwene tindak, para sakabate padha njereng jubahe ana ing dalan kang dilangkungi.

maca bab lengkap Lukas 19