Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 19:10-23 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabab Putraning Manungsa iku rawuhe prelu nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal.”

11. Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.

12. Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.

13. Banjur nimbali abdine sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikane: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.

14. Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.

15. Kacarita nalika panjenengane kondur, sawise kajumenengake dadi ratu, banjur dhawuh nimbali para abdine, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kapengin nguningani bebathene siji-sijine anggone laku dagang.

16. Wong kang kapisan seba lan munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi sadasa mina.

17. Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.

18. Nuli kang kapindho seba sarta munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi gangsal mina.

19. Pangandikane marang wong iku: Dene sira nguwasanana kutha lima.

20. Abdi kang katelu seba lan munjuk: Gusti, lah punika kagungan dalem arta samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.

21. Awit kula ajrih dhumateng panjenengan dalem. Amargi panjenengan dalem punika kereng, karsa mundhut ingkang sanes panjenengan dalem lampahaken, punapa dene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.

22. Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.

23. Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.

maca bab lengkap Lukas 19