Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 13:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.

7. Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!

8. Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk,

9. bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.”

10. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.

11. Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulas taun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg.

12. Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”

13. Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.

14. Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”

15. Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Heh, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapine utawa kuldine saka ing kandhang banjur diombekake.

16. Apamaneh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawase kabanda dening Iblis, apa ora prelu diuculi bebandane ing dina Sabat, amarga iki tedhak turune Rama Abraham?”

17. Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, kabeh kang nglawan padha kisinan, dene wong akeh padha bungah awit saka anane kabeh kang katindakake dening Panjenengane kang sarwa luhur iku.

18. Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratone Allah iku upamane apa, lan kena Dakupamakake apa?

19. Iku kena diupamakake wiji sawi, kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pakebonane, banjur thukul lan dadi uwit, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha nusuh ana ing pang-pange.”

20. Lan pangandikane maneh mangkene: “Kratone Allah iku, kena Dakupamakake apa?

21. Iku upamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh.”

22. Gusti Yesus banjur ndlajahi kutha-kutha lan desa-desa sinambi memulang lan nglajengake tindake menyang ing Yerusalem.

maca bab lengkap Lukas 13