Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 10:9-23 Kitab Sutji (JAV)

9. wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.

10. Nanging manawa kowe lumebu ing sawijining kutha mangka kowe ora ditampani, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhe ing kutha iku sarta nguwuha mangkene:

11. Dalasan bleduging kuthamu kang tumempel ing sikilku dakketabake ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wis cedhak.

12. Aku pitutur marang kowe: Ing dina iku Sodom bakal luwih entheng tanggungane katimbang karo kutha iku.”

13. “Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.

14. Nanging besuk ing dinane pangadilan tanggungane Tirus lan Sidon bakal luwih entheng katimbang karo kowe!

15. Apadene kowe kutha Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal ambles tumeka ing teleng palimengan.

16. Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”

17. Kacarita sakabat pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk: “Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Paduka.”

18. Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.

19. Lah kowe wis padha Dakparingi panguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowe.

20. Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowe, nanging padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga.”

21. Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.

22. Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”

23. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.

maca bab lengkap Lukas 10