Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 8:26-40 Kitab Sutji (JAV)

26. Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.

27. Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.

28. Nalika samono panjenengane lagi tindak kondur nitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.

29. Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!”

30. Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?”

31. Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.

32. Anadene nas kang diwaos iku surasane mangkene:Kayadene wedhus Panjenengane katuntun bakal disembeleh,lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing ngarepe kang mbathili,mangkono anggone Panjenengane ora mbikak tutuke.

33. Sajroning kaasorane paukumane kaetrapake;sapa kang bakal martakake asal-usule?Sabab nyawane kapulung saka ing bumi.

34. Priyagung mau banjur ngandika marang Sang Filipus: “Kula pitaken dhateng panjenengan, sinten ingkang dipun pangandikakaken dening nabi punika? Punapa sariranipun piyambak punapa tiyang sanes?”

35. Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosake Injile Gusti Yesus.

36. Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”

37. Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”

38. Priyagung Etiopia mau banjur dhawuh ngendhegake kretane lan karone nuli padha mandhap menyang ing banyu, Sang Filipus lan priyagung mau, sarta priyagung iku nuli dibaptis dening Sang Filipus.

39. Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.

40. Nanging Sang Filipus jebul ana ing kutha Asdod, tindak nglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarake Injil ana ing kutha-kutha kono kabeh nganti tumeka ing kutha Kaisarea.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 8