Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.