Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 5:23-39 Kitab Sutji (JAV)

23. ature: “Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan panjagenipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula wengakaken, ing nglebet pinanggih boten wonten tiyangipun satunggal-tunggala.”

24. Bareng lelurahe Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atine, baya kapriye bakal kadadeane kang mangkono iku.

25. Nanging banjur ana wong teka kang pratela: “Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah.”

26. Lurah jagabaya lan para punggawane banjur padha menyang ing Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawa dibenturi watu wong akeh.

27. Karone diirid lan diajokake marang ing ngarsane Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,

28. pangandikane: “Kowe rak wis padha dakwanti-wanti aja memulang atas Jeneng kuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wis kokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedya nekakake walate getihe Wong iku marang aku.”

29. Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.

30. Allahipun leluhur kita sampun ngwungokaken Gusti Yesus, ingkang sampun panjenengan gantung ing kajeng salib saha panjenengan sedani.

31. Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.

32. Wondene kula ingkang sami dados seksinipun prakawis punika sadaya, kula sadaya saha Sang Roh Suci, ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah dhateng sadaya tiyang ingkang mbangun miturut dhumateng ing Panjenenganipun.”

33. Mireng atur mangkono iku, kabeh padha rumangsa kecocog panggalihe sarta banjur padha ngangkah nyedani para rasul.

34. Nanging ana sawijining priyayi Farisi, asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen banget ana ing antarane wong akeh, kang nuli jumeneng sarta mundhut, supaya para rasul padha didhawuhana metu sadhela.

35. Sawise mangkono banjur ngandika: “Para sadherek Israel, kula aturi sami nggalih-nggalih saestu, punapa ingkang badhe panjenengan tandukaken dhateng tiyang-tiyang punika!

36. Amargi kala rumiyin sampun muncul pun Teudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah bala kirang langkung tiyang kawan atus; nanging piyambakipun lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna.

37. Sesampunipun piyambakipun, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, pun Yudas muncul, tiyang Galilea. Kathah tiyang ingkang kasered ing pambalilanipun, nanging piyambakipun inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar.

38. Awit saking punika atur kula dhateng panjenengan sadaya: Sampun tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kemawon, awit manawi kakajengan saha pandamelipun punika asalipun saking manungsa, tamtu badhe sirna,

39. nanging manawi asalipun saking Gusti Allah, panjenengan sadaya boten badhe saged nyirnakaken tiyang-tiyang punika; bokmanawi mangke badhe kabukten ugi, bilih panjenengan sami lumawan dhumateng Gusti Allah.” Pamrayoga iku diturut.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 5